parikan jowo

  Parik'an Jowo  iki mung judule, tapi isine mbuh bener opo ora penting yo ngene iki. yen bener alhamdulillah, yen ra bener nggih ngalelah. : D

kali kanal panggon derkuku,
ajar kenal karo aku.

tuku areng karo manggis,
kintir banyu tekan bekasi,
awakku ireng tapi manis,
rodo lemu tetep seksi.

jangan bayem gorengan bakwan,
iwak bebek tempe penyet,
aku iki kalem tapi diragukan,
rodo cuek tetep ae di arani crewet.

dolanan boto nganti peteng,
sedino mung mangan markisa karo delima,
aku iki sih joko meskipun ganteng,
mungkin terlalu setia karo cinta pertama.

goreng bakwan lengo secanting,
dipangan neng tendo karo konco-konco,
aku ngarep arep perawan sing sih ting-ting,
tapi yen kepekso rondo yo rapopo.

===================

udun bengkak tambah methenteng,
plethet alon-alon ben ora bahaya,
paling penak dadi wong ganteng,
ngetan ngulon dadi idola.

dulure kuntilanak jenenge hantu,
ketabrak becak langsung mental,
paling penak duwe pacar aku,
turu ngglethak gak perlu bantal.

mlaku-mlaku ketemu badhut,
kesasar tutuk bekasi lan Thamrin,
pancen aku iki gendhut,
tapi tetep seksi lan maskulin.

jangkrik ngerik nguntal pasir,
sekali nglirik langsung naksir.


wit jati di gawe kayu,
wit Klopo ugo di gawe kayu,
niat ati pengin ngrayu,
lg nyopo malah ditinggal mlayu.


tuku kayu pirang-pirang,
I love U sayang

plastik kresek wadah mahoni,
 plastik ireng nggo wadah jagung,
 irung pesek tansah ngangeni,
 gawe seneng tur pengin ngambung.

ono manggis dipangan yuyu,
tak kiro nangis jebule ngguyu.

kunang-kunang gowo lunpia,
ojo ngaku lanang yen ora setia.

tong kosong angin isine,
Weteng kosong masuk angin dadine.

esuk-esuk moco koran,
suguhane acar karo gorengan,
moto ngantuk gelagapan,
nelpon pacar keliru selingkuhan


numpak becak tuku sandal,
sandal nyeblok kelangan mangewu,
ojo ngaku penak yen durung njajal,
ojo mbengok yen durung mlebu.


ono wong edan gowo katok ijo,
suoro samar² gak perlu dirungokno,
wayah udan paling enak sing duwe bojo,
mlebu kamar langsung ucul clono.


mangan duren neng ngisor wit,
di rubung pitik sak pranak'an,
ojo ngaku keren yen akeh  penyakit,
di senggol sithik wis sempoyongan.

cublek-cublek suweng,
suwenge teng gelenter,
ngubek-ngubek sor weteng,
anake pating kececer.


iwak pitik dodo menthok,
buka sithik ben rodho ketok.

ono kupu-kupu mangani jengkol,
kono mung pamer pupu aku wani pamer kon**l


kayu cilik ng pinggir dalan,
terong cilik ng tegalan,
ayu sithik gawe rebutan,
bolong sithik gawe rogohan.

ngetan bali ngulon,
ketemu piting putung supite,
jare kekancan kok wani kelon,
bareng mlenthing bingung nyebutke bapak'e.


godong kates rupane ijo,
di peres di gawe jamu,
aku soyo stres mikirke rung duwe  bojo,
tambah ngenes yen kelingan sliramu._________

duku cilik murah regane,
duit selawe nggo tuku melinjo,
turu molak-malik gak ono kancane,
nggluntung dewe koyo wong gak kanggo.

uwoh cerme di gawe jamu,
ninggal isine di gawe sisilan untu.
koyo ngene rekasane dadi wong lemu,
rono rene gak kumanan bangku.

nyuloh kodok tekan Tayu,
bareng  mulih lali dalane,
golek wong wedok gak perlu ayu,
penting sugih akeh bandane.


ucul sarung karo nyengir,
bareng  njengking di guyu kancane,
pacar mutung ojo di pikir,
paling penting golek gantine.

manuk kutilang dicolong maling,
maling di banting poklek tangane,
pacar ngilang ojo di eling-eling,
paling penting ngilangke nyawane.

tuku bolu keliru srabi,
sirahku ngelu kudu rabi.

wit ringin di rubung uler,
ngempet pengin nganti ngiler.

________________________

wajik klethik gulo jowo,
sliting mbukak sitik ono sing arep lungo.


_______________

wajik klethik gulo jowo,
oleh-oleh soko deso,
anu cilik kurang dowo,
sunat maneh tambah nelongso.

___________

wedang ronde gulo jowo,
di pangan neng tengah kloso,
anu gedhe ugo dowo,
sunat pisan langsung roso.
_______

malem  senen dino  minggu,
mlaku-mlaku megelke sempol,
ati kangen ngempet rindu,
ngambung potomu nganti ngompol.


jenenge bakwan karo mendoan,
di goreng wajan tengah jogan,
ngakune prawan tapi kok bandrolan,
jarene gak pacaran tapi kok ambung-ambungan?



________

pitik cilik sobo paran,
ketiban dingklik mlaku sempoyongan,
isih cilik gak oleh pacaran,
gede sithik sih gak oleh yang-yangan.

numpak becak menyang semarang,
kesandung watu tengah dalan,
ati gak kepenak tansah sumelang ,
mikirke sliramu sing ng perantauan.

watu ireng ko kali cino,
wit bayem ng pekarangan.
aku seneng aku tresno,
menowo gelem ayo pacaran.

golek jamu nganti persia,
tuku sekoteng nganti jakarta,
elek lemu penting setia,
daripada ganteng tapi pendusta.

teles utawi garing,
tuku tape di wadahi besek,
awakku ngenes nganti gering,
mikirke kowe si irung pesek.


ngingu pitik ombenane susu,
ngingu kluweh di colong tonggo,
nyekel sithik ojo nesu,
nyekel okeh ojo di pasang rego.

tuku cuwek tekan paris,
ono cewek lungguh baris.

bule ayu jenenge turis,
siji ngguyu liyane mringis.

iwak pethak neng kalenan,
luru bethik neng clowok'an,
aku nyedhak pengin kenalan,
jebule awit cilik konco dolanan.

awak pegel kakehan ngluku,
ojo ngaku play girl yen durung pacaran karo aku.


kacang ijo neng tegalan,
nemu bojo ( " ) neng tengah ndalan.

jangan asem campur lalapan,
wonge mung mesem pas tak jak loplopan.

weteng ngelih di pakani tahu,
bareng pamit mulih jaluk tarif mangewu.


9 komentar:

  1. Cak Amin numpak Becak
    Gk NyamBung Cok

    BalasHapus
  2. mlaku-mlaku karo mangan jelly
    tuku FU trus neng gang dolly

    BalasHapus
  3. Tuku bakwan neng pasar paing,
    Seng gawe parik'an positip sinting,

    BalasHapus
  4. Tuku mrico neng pasar paing,mlaku kudanan neng awak nggreges..tak kiro penak ehhh.. Jebul di woco mak slenting,utekmu ngeress

    BalasHapus
  5. tuku tempe cacah e papat !! senajan aku dewe ning ra tau sambat ..

    BalasHapus